Blogger templates

Featured Post

Pantun Cinta Bahasa Jawa

Ono Teklek kejegur kalen… Tinimbang nggolek mendingan balen… Pit Abang Pite mas Mantri Nek ngesun Kembang aku ya ngantri ...

Saturday, November 1, 2014

Pantun Cinta Bahasa Jawa


Ono Teklek kejegur kalen…
Tinimbang nggolek mendingan balen…


Pit Abang
Pite mas Mantri
Nek ngesun Kembang
aku ya ngantri


siji loro telu papat
lima enem pitu wolu
biji loro tetep hebat
angger kembang melu ngguyu



 Ndelok Monas seko Tugu
Ben ra panas jejer aku


Nyangking Ember Kiwo-Tengen
Lungguh Jejer Tombo Kangen


Esuk Nyuling Sore Nyuling,
Sulinge Arek Surabaya
Esuk eling Sore eling,
sing dieling ra rumangsa


Manuk glatik ning duwur seng, menclok
Sira cantik isun ganteng, cocok


Ana arjuna karo kresna
Mangan salak karo sate baya
Arane gen wong tresna
Bocah blesak ya kaya luna maya


Sawunggaling carito kuno
Sing digawe kayune jati
Yen eling dang sambangono
Ojo gawe gelaning ati

Lelene mati ditutuk
Gowo mrene tak sujanane
Yen merene ra nate petuk
Ndang merene tak entenane


Putih-putih kembang randu
Kuning abang kembang palase
Ati seddih nang awak kuru
Kelingan adik ayu rupane


Ono yuyu keblekan watu
watune belah dadi pitu,
Pancen sliramu sing paling ayu
tambah ayu nek dadi pacarku
.


Jajan sekoteng no prapatan karang ayu
Opo artine gantheng nek ora payu-payu


Klambi biru nang nduwur klasa
Yen bapak ibumu ra setuju, aku isa apa?

Ono badak ditumpak'i lowo
Ilatku cendak tapi manukku dowo


Ono londo ajar
 basa jawa
Entuk pacar jebul bekas germo

0 comments:

Post a Comment